I. Tontonan budaya jawa
Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe serta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang, penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing jawa ora mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan, lan tayub. Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki.
- Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
- Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha.
- Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
- Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Titikane teks eksposisi yaiku:
- Ngandharake panemu utawa gagasan,
- Nuduhake kahanan sanyatane,
- Nggunakake analisis lan sintesis,
- Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
Struktur teks eksposisi yaiku:
- Tesis (pembuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
- Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis,
- Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.
Nulis teks eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
- Nemtokake undheraning perkara urawa tema,
- Nemtokake ancas utawa tujuan
- Ngumpulke dhata saka maneka sumber,
- Gawe cengkorongan,
- Ngrembakake cengkorongan dadi teks eskposisi.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Watak tembang kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna asih.
Semula berujud jabang bayi merah merekah, lalu berkembang menjadi anak yang selalu dikanthi-kanthi kinantenan orang tuannya sebagai anugrah dan berkah.Buah hati menjadi tumpuan dan harapan. Agar segala asa dan harapan tercipta, orang tua selalu membimbing dan mendampingi buah hati tercintanya. Buah hati bagaikan jembatan, yang dapat menyambung dan mempererat cinta kasih suami istri. Buah hati menjadi anugrah ilahi yang harus dijaga siang ratri. Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) agar menjadi manusia sejati. Yang selalu menjaga bumi pertiwi.
II. Pendhidhikan Moral
Perangane serat wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh kinanthi. Ing wulangan iki pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.
Pupuh Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
ing sasmitha amrih lantip (8/i)
aja pijer mangan nendra (8/a)
kaprawiran den kaesthi (8/i)
pesunen sariranira (8/a)
sudanen dahar lan guling (8/i)
ing sasmitha amrih lantip (8/i)
aja pijer mangan nendra (8/a)
kaprawiran den kaesthi (8/i)
pesunen sariranira (8/a)
sudanen dahar lan guling (8/i)
Padha latihen ing ati,
Ing pratandha supaya gathekan,
Aja tansah memangan lan turu wae,
Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu,
Usahakna dening awakmu,
Sudanen anggonmu memangan lan turu.
Watak tembang kinanthi
SumberGegaranNyinau Basa Jawa kelasXIISMA/SMK/MA
http://koplendz.blogspot.com/2017/07/xii-1-serat-wedhatama-pupuh-kinanti.html?m=1 SMA/SMK/MA
III. Omah jawa
Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo jawa. Biyene, ing provinsi iki madeg kraton-kraton lan kadipaten-kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara, kayata Karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki. Kajaba iku uga katemokake Kadipaten Mangkunegaran, Kadipaten Pajang, Kadipaten Demak Bintara, Kadipaten Semarang, lan liya-liyane. Nganti wektu iki isih akeh warisan kraton lan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisane para leluhur. Warisane para leluhur iku wujude omah Jawa utawa kaprah diarani omah adat Jawa. Omah adat Jawa Tengah pranyata ngemu sejarah, arsitektur, lan filosofi kang ngedab-ngedabi.Maca lan nanggapi teks dheskripsi ngenani omah jawa
Tes deskripsi, yaiku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Samubarang kasebut bisa wujud manungsa, hewan, barang, utawa panggonan. Ing kalodhangan iki arep ngrembug babagan omah adate wong jawa. Kantbi mengkono, teks deskripsi babagan omah jawa iki mesthine bisa njlentrehake ciri-ciri utawa tandha-tandha kang bisa dideleng ngenani omah Jawa.
Sawise moco teks dheskripsi, supaya bisa menehi panemu para siswa kudu bisa mangsuli pitakon bab isine wacan, uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa karma.
Teks deskripsi omah jawa joglo
Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.
Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.
Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.
Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4 soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.
Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
http://holesciences.blogspot.com/2017/04/deskripsi-rumah-adat-joglo-dalam-bahasa.html?m=1
IV. Geguritan
Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.
Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
- Wicara: pocapan
- Wirama: irama/lagu
- Wiraga: solahe raga, pasemon
- Wirasa: pangrasa Geguritansaiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
Pituduh carane gawe geguritan:
- nemtokake tema
- milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak,
- paramasatra
- menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan,
1. Geguritan Gagrag Kuna/Lawas
Titikane/pathokane:
- cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethitike papat
- cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
- tibaning swara (guru lagune) kudu runtut
- sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit"
Kahanan zaman saikiSun nggegurit:
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi zaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati
Yen manut wasiting kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa.
2. Geguritan Gagrag Anyar
Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :
- Tembung-tembunge pilihan
- Isine mentes
- Cacahe gatra/larikan ora katemtokake
- Arang nganggo tembung salugune/denotasi
- Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi
- Ora nganggo tembung sun gegurit
RA MOKAL
Ra mokal yen bocah-bocah takon aku
Pak, angka jawa nggo ngetung apa
Apa bisa dak nggo bakulan ula
Apa bisa dak nggo tamba lara
Lha yen pasar wis nganggo kalkulator
pak dhokter wis sarwa komputer
Dititul thet dadi mesin jet
Diuntir-untir dadine nuklir
Nganti ambune kiyamat wis krasa cedhak
Katon tombole ing pangkalan-pangkalan
Lan aku isih kok pleter carakaan
Apa aku bisa balapan
Le, thole
Basa Jawa ra bisa dienggo golek bojo
Angka Jawa ateges etung-etungan
Ngeleluri satra Jawa ora ateges dodolan kewan
Kuwi sawijining kabudayan
Yen copot ateges awakmu ora kathokaan.
Sumber: Gegaran Nyinu Basa Jawa 3 kelas X11 SMA/SMK/MA
http://cahbasajawa.blogspot.com/2015/11/geguritan.html?m=1
V. Crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing srajoning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur(plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Unsur cita rakyat:
· Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita.
· Latar/setting: Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.
· Alur/plot : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur maju/progresif lan alur mundur/flash back progresif.
· Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute.
· Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka tumindake, ciri fisike, utawa lingkungane.
· Konflik : Perkara kang dadi punjere crita
Karakter Crita Rakyat
· Anonim : Crita ora kaweruhan sapa kang nganggit.
· Kolektif : Duweke masyarakat bebarengan.
· Dicritakake kanti lesan.
· Dicritakake turun temurun.
Jenising Crita Rakyat
· Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan lan paragane arupa manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kesakten. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu, Saridin, lan sapiturute.
· Legenda :Crita asal-usul sawijining panggonan lan biasane ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lan sapiturutipun. Kedadeane kutha Rembang, Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya.
· Dongeng :Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong Emas, Timun Emas.
· Dongeng :Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong Emas, Timun Emas.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI
SMA/SMK/MA
https://www.synaoo.com/cerita-rakyat-basa-jawa-bahasa-jawa-kelas-11-semester-2/

Sangat membantu sekali👍
BalasHapusKereeenn
BalasHapusBagus sekali,sangat bermanfaat buat belajar 🤗🤗🤗
BalasHapusMantap mantap ada
BalasHapusWawww sangat membantu sekaliii
BalasHapusMembantu sekali
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusMantapmantap
BalasHapusSangat membantu🤗
BalasHapusWaaaaaa
BalasHapusMantep slur
BalasHapusSip.. lengkap👍
BalasHapusMantap
BalasHapus👌
BalasHapusSangat bermanfaat 👍
BalasHapusIsi yang disampaikan cukup detail, dan bahasa yang digunakan juga mudah dipahami, terima kasih karena ini sangat bermanfaat, semoga kedepannya bisa lebih baik lagi��
BalasHapusBaguss
BalasHapusBagus🖒
BalasHapusBagus👍
BalasHapusBagus👍
BalasHapusGud👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusGood👍
BalasHapusGood👍
BalasHapusMateri lengkap dan sangat membantu👍
BalasHapus👍
BalasHapusMantap Gan:v
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapusSuper komplit. Makasi min <3
BalasHapusMantap mantap👍👍
BalasHapus